Music Note - Background

Selasa, 29 Desember 2015

SOAL-SOAL BAB UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

I.    Pilihan Ganda
1.      Ukara ing ngisor sing nggunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku…
a.       Mas kula badhe kondur rumiyen amerga kula nembe gerah.
b.      Kula badhe siram rumiyen, supados ben nora ngantukan.
c.       Pak panjenengan badhe muleh jam pira?
d.      Ibu lan embah putri kula lara kadhasen lan panunen.
e.       Bapak kula nembe siram saklajengipun maos koran wonten ngajengan griya.

2.      Ukara ing ngisor sing nggunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku…
a.       “Pakdhe Musiran ora gelem mangan Mas…”
b.      “Mas Jarot bok panjenengan ngombe teh dhisik ta…”
c.       “Ayo kanca-kanca padha nyemplung bareng ning kolam”
d.      “Mbak Sri tulung kula ditumbaske obat, amerga kula gerah polo.”
e.       “Bapak Sujito wis turu porung Mas?”

3.      Ibu kalawau enjang sampun maringi unjukan ning bapak. Tembung kang trep  kanggo ngganteni tembung kang digaris yaiku…
a.       Nyukani                                                          d. Nyaosi
b.      Ngekei                                                            e. Nugasi
c.       Ngurusi

4.      Omahe Pak Guru cedhak omahku.
Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus dadine ....
a. Griyanipun Pak Guru caket griya kula.                   d. Griyanipun Pak Guru caket dalem kula.
b. Dalemipun Pak Guru cedak dalem kula.                e. Griyanipun Pak Guru cedak griya kula
c. Dalemipun Pak Guru caket griya kula.

5.      Ibu kalawau enjang sampun tangi. Tembung kang trep  kanggo ngganteni tembung kang digaris yaiku…
a.       Mungu                                                             d. Wungu
b.      Ngungu                                                            e. Ngulu
c.       Nuru

6.      “Pak, tehe wis adhem, ora diunjuk dhisik?” Yen diowahi karma alus yaiku…
a. Pak, tehipun sampun adhem, mboten dipununjuk rumiyin?
b. Pak, tehe sampun adhem, mboten diunjuk rumiyin?
c. Pak, tehe pun adhem, mboten diunjuk riyin?
d. Pak, tehe pun adhem, mangga diunjuk riyin.
e. Pak, tehipun sampun adhem, manga diunjuk riyin.




7.      Kyai pangulu nyenyuwun yen ing tembe anake wadon nglairake ,jabang bayi arep disuwun aja kongsi digedhekakeb ing kawedanan.Ukara iku migunakake ragam basa....
a. ngoko lugu                          d. krama alus
b. ngoko alus                           e. karma inggil                          
c. krama lugu

8.      Ukara ing ngisor iki kang migunakake ragam basa ngoko alus yaku…
a. Saben enjang bapak tindak kantor nitih montor.
b. Bocah-bocah padha sinau nggambar ing buku gambar.
c. Mau esuk ibu dhahar sate kambing saiki tensine munggah.
d. Mbak Tuti ngasta oleh-oleh wingko babad saking Semarang.
e. Nanging esuke mruput banget, Sriyanto sampun tekan omahe Hartini.

9.      Bu Guru : “Para siswa sapa kang ngerti, Raden Ajeng Kartini iku lair tanggap pira?”
Siswa      : ..................................
            Wangsulane siswa kang bener .....
a. Setunggal likur April                                   d. Sijilikur April
b. Kalihdasa setunggal April                           e. Rongpuluh setunggal April
c. Selikur April

10.  “Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!”
Ukara kasebut yen didaekake basa krama alus .....
a.       Bubar upacara bendera, sampeyan didhawuhi Pak Broto ing ruang Kepala sekolah
b.      Bubar upacara bendera, panjenegan dipundhwuhi Pak Broto wonten ruang Kepala sekolah
c.       Bibar upacara bendera, jenengan dibeluk  Pak Broto wonten ruang Kepala sekolah
d.      Bibar upacara bendera, panjenengan dipunaturi Pak Broto wonten ing ruang kepala sekolah
e.       Bibar upacara bendera, panjenengan dipuntimbali Pak Broto wonten ruang kepala sekolah
           

II.  Essay

1.      Isinen ature Teti kang bener!
Ibu  : Coba sowana simbah menyang  Wonosari!
Teti  : ……...?
Ibu   : Ngendikane Bapakmu, simbah kangen Kowe!
Teti  : O inggih, kula siram sakniki lajeng  tindak Wonosari    
Ibu   : Lha rak kleru olehmu matur, coba Dibaleni sing bener!
Teti  : ............

2.      Kramakna ukara ngisor iki!
a.       Umure Simbah wis sangang puluh lima tahun, mula wis ora duwe untu maneh.
b.      Pak guru ngandhani murid-murid supaya sregep sinau
c.       Pak Guru! Aku pan takon, kepriye larah-larahe upacara tedhak siti kuwi?

3.      Ukara -ukara ing ngisor iki salinen nganggo basa ngoko!
a.       Bu Dian tindak kantor nitih bis amarga montoripun saweg dipundadosi.
b.      Mas Jarwo tindak mucal Basa Jawi, nalika Bapak tindak nyoblos dhateng Balai Dusun.
c.       Ibu ngaturi Mbak Mira supaya pangkat sekolah luwih gasik.

4.      Ing Pacelathon iki, omongane Marinah dadekna karma alus dene omongane Pak Karta dadekna ngoko alus!
Marinah           : “Pak, lunga saka ngendi kok mulihe ngantos sore?”
Pak Karta        : “ Neng nggone Pak Lurah.”
Marinah           : “Neng ngomahe Pak Lurah arep papa?”
Pak Karta        : “Arep ngomong karo Pak Lurah babagan Proyek Listrik Masuk Desa.”
Marinah           : “Lah sambung rapete apa Bapak karo Proyek Listrik Masuk Desa?”
Pak Karta        : “Bu! Apa kowe kuwi ora ngerti ta, yen pekarangane awake dhewe iku bakal
   katerjang proyek kuwi?”


5.      Gawea tuladha pacelathon antawisipun bapak kaliyan anakipun babagan kebersihan omah kanthi unggah-ungguh ingkang trep!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar